Thursday, 18 August 2011

Serat Kinasih Kagem Ibu


Tak tulis layang iki minongko uneg-uneg ing njero ati kagem ibuku..sampun 27 taun aku urip ing alam donyo,dereng saget paring punopo-punopo kagem wong tuwo, wong tuwo kari siji ngopeni anak 2 mulai bayi nganti saiki, ditinggal sedo bapak kang madhep marang gusti, golek pangan rino wengi, banting tulang awak remuk ra peduli, kanggo nyukupi anak supoyo dadi anak kang migunani,..Miris rasane ati ngerti perjuangane ibu, 24 taun urip dewekan gak ana sing ndampingi, demi anak sing ditresnani ora gelem golek gandulaning ati, ngopeni anak 2 nganti adus kringet mbrebes mili,..duh ibu ingkang putro nyuwun agunging pangeksami, ngantos semanten dereng saget mbales nopo kang jenengan paringi, ananging kulo lan adik tansah memuji maring gusti, mugio ibu tansah pinaringan rohmatipun Gusti, bagas waras ngantos tumekaning pati, kulo lan adi mugio dados putro kang ngabekti paribasan mikul duwur mendem jero kalih ibu..ora kroso luh tumetes mbrebes mili..dulur-dulur sedoyo monggo tansah dedongake tiyang sepuh kito sedoyo "CINTAILAH IBUMU SEPENUH HATIMU, KARENA IBUMU LAH ORANG YANG PALING BERJASA DALAM HIDUPMU DAN IBULAH YG AKAN MEMBAWA KITA KE SURGA ALLAH"

By: Sunan Kalibangkle MBloro

No comments:

Post a Comment